Belajar Pepindhan – Hallo sahabat, apa kabar? Semoga sehat selalu ya?
Jika pada materi sebelumnya kita membahas tentang tembung saroja, pada kesempatan kali ini kita akan membahas tembung pepindhan.
Istilah tembung memang banyak sekali jenisnya, terkhusus bagi kamu yang berasal dari suku Jawa.
Satu persatu materi tetembungan akan dibahas di sekolah dasar sebagai bahan ajar.
Jika kamu ingin tahu lebih banyak mengenai jenis tembung ini, maka usaha yang tepat untu membaca artikel ini.
Untuk itu, mari kita mulai belajarnya. Baca hingga selesai ya materi pepindhannya!
Pepindhan Yaiku
Pepindhan yaiku unen-unen ing basa Jawa kang orang ngemu surasa kang sejatine. Ing basa Indonesia karan pengandaian.
Artinya:
Pengetian pepindhan adalah kata-kata dalam bahasa Jawa yang tidak menyatakan arti sebenarnya. Arti pepindhan dalam bahasa Indonesia adalah pengandaian.
Tembung pepindhan ing pacelaton padinan lan babahan liane biasae digunake kanggo panyandra opo wae sing ditemoni.
Artine, pepindhan iku iso digunake kanggo panyandra sifate, warnae, jumlahe lan rupone menungso utowo barang.
Artinya :
Dalam percakapan sehari-hari, tembung pepindhan dan hal yang lainnya digunakan untuk menyatakan apa saja yang ditemui.
Artinya, tembung ini dapat digunakan untuk menyatakan sifat, warna, jumlah dan rupa manusia atau barang.
Tuladha tembung pepindhan kaya :
- Panyandra kanggo putri kang sulistya (menggambarkan keadaan putri yang cantik)
 - Panyandra kanggo pria kang bagus (menggambarkan laki-laki ganteng)
 - Panyandra kanggo kahanan wadyabala (menggambarkan keadaan teman-temannya)
 - Panyandra kanggo wong nesu (menggambarkan orang yang marah)
 - Pepindhan kanggo panyandra perangan awak lan liyane (pepindhan yang menggambarkan bagian tubuh dan lainnya)
 
Jika dalam bahasa Indonesia, jenis tembung ini seringkali menggunakan kata pengandaian berupa:
- Ibarat
 - Bila
 - Jika
 - Kalau
 - Seandainya
 - Apabila
 
Ciri Ciri Tembung Pepindhan
Sama dengan macam macam tembung lainnya, tembung ini juga memiliki ciri khusus agar dapat dibedakan dengan tembung lainnya.
Berikut ciri-ciri pepindhan:
- Biasane nganngo tembung : kaya, lir, pindha, kadya, umpamane dll
 - Pepindhan sering digunake kanggo pacelaton paninan lan panyondro sajroning babagan sing wigati (Sering dipakai dalam percakapan sehari hari dan kalimat pengandaian dalam mengisi event resmi)
 - Ngemu basa kiasan
 - Makna utowo artine tembung lan ukara ora disampekake langsung
 - Sering digunake babagan sastra.
 
Fungsi Tembung Pepindhan
Karena berupa kata yang mengandai-andai, jenis tembung ini sering difungsikan untuk menambah keindahan karya sasta Jawa.
Karya sastra Jawa ini dapat berupa saloka, candra, bebasan dan cerkak (cerpen).
Jenis Tembung Pepindhan
Berdasarkan fungsinya, macam macam tembung pepindhan dibedakan menjadi dua, yaitu :
Pepindhan Dilakukan Di Masa Yang Akan Datang
Yaitu ungkapan tentang sesuatu yang belum terjadi dan akan dilakukan atau dipenuhi di masa yang akan datang.
Contoh :
- Arek iku pinter ning sekolah, mengko dadi kaya guru
 - Umpamane aku duwe duwik, aku ngajak ibuku umroh.
 
Pepindhan Yang Tidak Dapat Dilakukan / Mustahil
Yaitu yang tidak bisa dipenuhi karena sudah terjadi atau memang tidak dapat dilakukan karena hal mustahil.
Contoh :
- Umpamane aku dadi bapak, wong sakabehane bakal ngormati
 
Gawea Ukara Nganggo Tembung Pepindhan
Ing ngisor iki, tuladha tembung pepindhan :
- Kowe iki ayune wing kaya Dewi Ratih, kurang opo maneh?
 - Kulitku iku aluse kaya sutra, amarga saben adus ngangg lulur
 - Kowe iku bocah wadon, mlakune kudu alon-alon kaya macan luwe
 
Contoh Tembung Pepindhan
A.
Abang kumpul padha abang – kaya alas kobong
 Abange – kaya godhong katirah
 Agunge – kaya samodra rob
 Akehe pepati – kaya babadan pacíng
 Akehe pepati – kaya sulung lumebu geni
 Akehe lelara – kaya kena pagebluk
 Ali-aline – nggunung sapikul
 Aluse – kaya sutra
 Antenge – kaya temanten ditemokake
 Ayune – kaya Dewi Ratíh
 Angine – gedhe koyo sarataun
Abote, kaya watu.
 Adheme, kaya es.
 Antepe, kaya wesi.
B.
Baguse, kaya Bathara Kamajaya.
 Bangone awangun, kaya gedhang salirang.
 Bantere, kaya angin liwat.
 Bebadane, kaya ngadhal melet.
 Bedane, kaya bumi karo langit.
 Begjane, kaya nemu mas sakebo.
 Begjane, kaya nemu cempaka sawakul.
 Brengose, nglaler mencok.
 Brengose, nguler keket.
 Bungahe, kaya ketiban daru.
C.
Cahyane bingar – kaya lintang johar
 Cahyane nglentríh – kaya rembulan karainan
 Cep klakep – kaya orong-orong kepidak
 Cethile – kaya cina craki
 Cumlorot – kaya lintang alihan
 Cumlorot – kaya ndaru
D.
Dalane, kaya nggeger sapi.
 Dalane, kaya mbathok mengkureb.
 Dawane barisan, kaya sela brakithi.
 Dedege, kaya ngringin sungsang.
 Dhuwure, kaya othak-othik mega
 Domblong, kaya sapi ompong.
 Dondomane, kaya tutus kranjang.
E.
Emane – koyo marang anak ragil
 Esemane – koyo raden gatut koco
G.
Gagah prakoso – kaya Raden Werkudara
 Galake – kaya macan manak
 Galake – kaya buta
 Gampange – kaya empal pinecok
 Gelungane – ngadhal menek
 Gelungane – minangkara
 Gelís – kaya banyu sinaríng
 Gendhwane – awangun kadhal meteng
 Gereng-gereng – kaya singa antok bayangan
 Gantenge – koyo arjuno
I.
Ijo kumpul padha ijo, kaya bethet sayuta.
 Ireng kumpul padha ireng, kaya gagak areraton.
 Ireng kumpul padha ireng, kaya dhandhang areraton.
J.
Janggute – pindha tawon gumantung
 Jogede – kaya merak kasimpír
 Jogede – mucang kanginan
K.
Kagete, kaya tinubruk ing wong lepat.
 Kaku, kaya kena nggo pikulan.
 Kekejere, kaya manuk branjangan.
 Kenese, kaya Dewi Srikandi.
 Kesete, kaya kadhal.
 Kepingine, kaya nyidham cempaluk.
 Klular-klulur, kaya tuma kathok.
 Kopat-kapit, kaya buntut ula tapak angin.
 Kuninge, kaya emas sinangling
 Kuning kumpul padha kuning, kaya podhang reraton.
L.
Lakune nusup-nusup – pindha ayam alas
 Landhepe – pitung pinyukur
 Lelewane – milangoni
 Lír sato munggíng – rimbagan
 Luruhe – pindha Dewi Sembadra
 Lambene – nyigar jambe
M.
Mendhak-mendhak, kaya sato memeti.
 Mendhak-mendhak, kaya dhere memeti.
 Mendhak-mendhak, kaya babon memeti.
 Mider-mider, kaya undur-undur.
 Miling miling, kaya jangkung.
 Mlakune-mundur, kaya mungkur gangsir.
 Mlakune, ndodhok mencolok.
N.
Nangise ndrengengeng – kaya rase
 Nangise – ngorong-ngorong
 Nuturi wong pinter – prasasat ngajari bebek nglangi
 Nyengite – kaya dhemít
P.
Padhange – kaya rina
 Padha pleg – pindha jambe sinigar
 Panase – kaya mecah-mecahna sirah
 Penggalihe padha – pindha suruh lumah lan kurep, yen dinulu seje rupane, yen ginigít padha rasane
 Parine – gumadhung
 Parine – ngempíng
 Parine – nedheng gumadhung
 Petenge – ndumuk irung
 Pintere – kaya bisa njara langít
 Pintere – kaya bisa nyancang angín
 Pipane rokok – menyu
 Pipine – kaya tomat mateng
 Polahe – kaya gabah den interi
 Polahe – kaya kuthuk kelangan babon
 Polahe – ngaru napung
 Polatane mbranyak – kaya Raden Kakrasana/Samba
 Putíh kumpul padha putih – kaya kuntul neba
 Putíh memplak – kaya kapuk diwusoni
R.
Rakete – kaya sadulur sinara wedi
 Ramene – lir prahara nempuh wukír
 Ramene surak – mbata rubuh
 Rikate – kaya angin
 Rukune – kaya mimi lan mintuna
 Ruruhe (wong lanang) – kaya Raden Janaka
 Ruruhe (wong wadon) – kaya Dewi Sembadra
 Rupane kembar – pindha jambe sinigar
S.
Salake- medhi (masír)
 Sambate – kaya nggrantang
 Sambate – ngaru ara
 Senenge – kaya bubuk oleh leng
 Sentosa banget – kaya jangeet kinatelon
 Sowane mendhak-mendhak – kaya sata manggíh krama
 Suguhane – mbanyu mili
 Sumbare – kaya bisa mutung wesi g1igen
 Sumbare – kaya wani ndilat wesi abang
 Suweke – nyangkem kodhok
 Swarane – kaya gelap ing mangaa kapat
 Swarane – kaya mbelah-mbelahna bumi
T.
Tandange cukat, kaya kilat, kesit kadya thathit.
 Tandange, kaya bantheng ketaton.
 Tandange, kaya jangkrik mambu kili.
 Tandange, kaya sikatan nyamber walang.
 Tapa ngalong; tapa ngidang; nyatuka.
 Tekade, kaya geni lan urupe.
 Tekade, kaya madu lan manise.
 Tepunge kalis (kekancane), kaya banyu karo lenga.
 Thingak-tinguk, kaya kethek ditulup.
 Tindake, nusup ngayam alas.
 Tulisane, awangun ketumbar (aksara jawa).
 Tulisane, mbata sarimbang (aksara jawa).
 Tulisane, ngeri (aksara jawa)
U.
Ulese – ngembang asem (kucíng)
 Ulese – ngembang duren (jaran)
 Untabe – kaya samodra rob
 Utange – nyundhul empyak
 Utange – turut usuk
W.
Wangsulane – saur manuk
 Wangune – kaya dara gepak
 Wiragane – nenangi brata
 Wrangkane – gayama
Kesimpulan
Jadi dalam bahasa Indonesia merupakan kata yang digunakan untuk pengandaian.
Ciri ciri tembung ini dalam bahasa Jawa akan mudah dikenali karena didahului oleh kata tertentu seperti yang disampaikan di atas.
Untuk mencari pepindhan tidaklah sulit. Kamu hanya perku mengetahui persamaan sifat kata yang diandaian dengan pengandaiannya.
Contoh sederhannya : Swarane kaya mbelah mbelahna bumi (suaranya seperti membelah bumi). Artinya suara tersebut sangatlah keras, saking kerasnya diumpamakan dapat membelah bumi.
Bagaimana? Sangat mudah bukan?
Untuk itu, kita akhiri materi pepindhan ini. Semoga dapat menambah wawasan dan semoga bermanfaat. Terimakasih
Related post :
Cangkriman pepindhan
Contoh cangkriman pepindhan
Tuladha pepindhan
Contoh pepindhan bahasa Jawa
Cangkriman pepindhan lengkap
Kumpulan cangkriman pepindhan basa Jawa
Pepindhan basa Jawa
 
 






One Reply to √ 317+ Tuladha Tembung Pepindhan {Paling Lengkap}
Kehing korban gunung njeblug, mblasah pindha babadan..
Cara Top Up ShopeePay Lewat DANA, OVO, ATM { BRI, BCA, BNI, Mandiri}, Indomaret dan Alfamart
√ Cara Membuat Toko di Shopee Beserta Strategi Jualannya
Cara Dapat Shopee Paylater Untuk Pengguna Baru Anti Ribet