ringkasan cerita malin kundang bahasa jawa
Bahasa Jawa

√ Ringkasan Cerita Malin Kundang Bahasa Jawa dan Amanatnya

Apa yang ada di benak kita ketika mendengar Cerita Malin Kundang? Si anak durhaka, anak yang terkena kutukan, batu Malin Kundang dan lainnya.

Mungkin sudah tidak asing lagi ya dengan legenda batu Malin Kundang. Cerita ini sudah sangat terkenal di kalangan masyarakat karena  banyak pesan moralnya.

Nah, pada kesempatan kali ini kita akan membuat ringkasan cerita malin kundang bahasa jawa. Seperti apa ceritanya? Simak artikel berikut ini.

Sejarah Malin Kundang

Legenda malin kundang menjadi cerita rakyat yang cukup terkenal di nusantara. Cerita ini berasal dari Pulau Sumatera yaitu di desa Air Manis, kecamatan Padang Selatan, kota Padang,

Legenda ini menceritakan tentang seorang anak durhaka yang ketika kaya raya tidak mau mengakui ibu kandungnya yang telah melahirkannya.

Ibu malin yang miskin merasa sakit hati dengan perlakuan anaknya yang tidak memiliki sopan santun. Dan lupa siapa yang telah melahirkan dan membesarkannya.

Karena tindakan malin yang kurang baik, sang ibu yang merasa sakit hati mengeluarkan kata-kata sumpah untuk anaknya itu. Yakni mengutuknya menjadi batu.

Asal Usul Malin Kundang

Malin kundang yaiku jenenge bocah kang ndueni bapak lan mbok. Keluargae Malin ora nduwe tegese melarat, omahe ana ing pinggire segoro.

Mergo kahanane ora ndue, Bapake nekat kerjo ing negara liyo. Budhale numpak prahu lan nyebrang segoro. Nanging Bapake orang tau mulih lan ora tau ketemu keluargane.

Kerono Bapake ora tau mulih, mboke Malin sing jenenge Mande Rubaya ndolek penggawean kanggo urip saben dino.

Malin iku bocah pinter nanging rodho mbeling. Pas lagi nguber pithik, Malin kesandung watu banjur tibo. Tangane sing tengen kena watu, akhire catu nanging catune ora iso ilang.

Malin Kundang Merantau

Ing sawijining dino, Maling mesakne marang mboke sing saben dino tandhang gawe kanggo uripe Malin.

Banjur Malin kepikiran yen ndolek penggawean ing kutha. Mulane Malin jaluk izin marang mboke.

[su_note]”Mbok aku arep kerjho menyang kutha gedhe, aku pingin kerjo supoyo saget mbantu si mbok” (Ujare Malin).

“Ojho le, mboke ning deso dhewe, bapake kerjho ora tau mbalik ning ndeso, mbok mung duwe kowe le” (jawabe si mbok).[/su_note]

Senajan Mande Rubaya ora ngekei ijin Malin nyambut gawe ing kutha. Nanging Malin tetep ngengkel.

Akhire Mande Rubaya ngolehi Malin menyang kutha nunut kapale saudagar. Ing njero prahu, Malin ketemu wong-wong kang duwe pengalaman akeh. Saka kunu Malin sinau ilmu pelayaran.

Ing perjalanan menyang kutha, kapal sing di tumpaki Malin di kroyok begal. Sekabehane bondho dagangane saudagar sing ana ning njero kapal ora ana kabeh di jupuk begal.

Wong ing njero kapal ya akeh sing di pateni. Begjane Malin ora di pateni, mergo ndelik ing ruangan kang ketutup kayu. Mergo peristiwa iku, Malin lunta-lunta ana ing tengah segara.

Kesuksesan dan Pernikahan Malin Kundang

Kapal kang di tumpaki Malin nabrak pulau. Gawe tenogo namung sithik, Malin mlaku ning deso cidek pinggir segoro.

Deso iku tibake deso kang makmur. Kerono Malin Kundang ulet dadi gampang ndolek penggawean. Suwih-suwih Malin dadi wong kang sugeh ing deso iku.

Malin Kundang ya nduwe prahu dagang kang akeh. Ya duwe anak buah sing jumlahe 100 uwong lebih.  Sakwise sukses, Malin ngelamar cah wadon kang ayu dadi bojone. Uripe Malin lan bojone ayem tentrem.

Ing sawijining dina, Mande Rubaya dellok ana kapal gedhe ing segara. Kapal iku sing biyen di tumpaki Malin nang kutha

Karo mlaku alon lan awake mbungkuk, Mande Rubaya nakoni nakhodahe kapal. Mande takon piye kabar anake yaiku Malin Kundang.

Kabar Malin sing sugih lan kawin karo keturunan bangsawan mpun nyebar. Mande Rubayah seneng banget kerungu kabare Malin sing wis sugih.

Mande Rubayah saben sore ana ing pinggire segoro ngenteni anake yaiku Malin Kundang balik nang deso. Mande ngarep-ngarep anake mulih lan iso ngangkat derajate mboke. Nanging Malin ora tau teka ing deso panggon dheweke lahir, marai mboke sedhih banget.

Baca Juga : √ Cerita Rakyat Jaka Tarub Bahasa Jawa Ngoko

Malin Kundang Kembali Ke Desanya

Bojone takon mboke lan pengen ketemu kali mboke Malin. Malin ora iso nolak kekarepane bojone. Malin, bojone lan anak buahe menyang desa panggone Malin lahir

Malin lan bojone menyang desa nggunakake prahu pribadi sing gedhe lan apik. Sakwisi suwih ana ing dalan, akhire Malin lan bojone tutuk ana desa panggon si mboke Malin.

Ing sawijining dina, ana kabar yen ana kapal gedhe lan apik sing duwe iku bangsawan kang wis rabi.

Mande Rubayah seneng banget ana kabar iku. Naliko dellok kapan gedhe, kanthi alon-alon dheweke dellok langsung, pasangan bangsawan kui sapa?.

Nalika dellok ana wong wadon lan wong lanang gawe klambil apik, Mande seneng banget. Akhire Mande Rubayah iso dellok luwih cidhek wong lanang kasebut.

Lan pas ndeleng lanang kasebut, jantunge deg-degan mergo ngarep yen wong lanang ganteng lan sugih iku anake Mande yaiku Malin Kundang.

Nalika lengen wong lanang ganteng lan sugih iku kebukak angin. Kethok jelas banget tangan sing tengen ana catune.

Iku gawe Mande Rubayah nganti yakin yen cah lanang iku anake Mande Rubayah yaiku Malin. Kanthi ora sadar, Mande wis ngerangkul Malin mergo seneng banget iso ketemu anake sing ora tau mulih iku.

Malin kaget banget mergo ana sing ngerangkul yaiku wong wadon kang sepuh banget lan gawe klambi kang ora pantes di gawe. Opo maneh bojone Malin kethok ora seneng dellok wong sepuh kang kumuh niku.

Malin Kundang Durhaka Kepada Ibunya

Mande Rubayah ngerangkul lan nangis mergo iso ketemu karo anake sing wis suwe ora tau ketemu.

[su_note]”Malin… iki mbokmu nak. Akhire kowe ana ing deso iki nak, mak saben dino ngenteni kowe nak” (Ujare Mande)

“Apa iya wong tuwo mlarat iki mbokmu Malin? Kena apa pas ngelamar kowe ngomong keturunan priyai sugih, dadi bapakku gellem nerimo lamaranmu!” (ujare bojone Malin).[/su_note]

Krungu sindiran saking bojone, Malin isin yen duwe mbok sing mlarat lan klambine elek. Akhire Malin ora gellem ngakoni mbokne dewe. Malin apen-apen ora kenal karo si mboke.

[su_note]”He mbok… apa iya aku iki anakmu? Apa iya kowe sing ngelahirno aku?”. Ujare Malin karo nyurung si mbok sampek tibo ning lemah.[/su_note]

Dellok tingkahe Malin, Mande kaya ora percoyo yen anake wis lali marang wong tuwane lan tindhakane wis ora patut marang wong tuwo. Banjur Mande nyobak nyedeki Malin maneh.

[su_note]”Malin.. iki mbokmu nak, ana apa kowe ora kenal karo si mbok?” (Ujare si mbok).[/su_note]

Kanthi suara sing melas lan usaha ben iso ngerangkul maneh. Mande nyungkur ing lemah karo ngerangkul sikile Malin.

Bojone Malin kaget banget. Maling ngerasa luwih isin kaleh bojone lan anak buahe sing dellok kejadian iki. Kanthi tego, Malin nyandung mboke sampe tibo.

[su_note]”Aku iki duduk anakmu.. ora mungkin wong kaya kowe sing mlarat, mambu lan wing tuwo iki mbokku” (Wangsule Malin).[/su_note]

Dikutuk Menjadi Batu Malin Kundang

batu malin kundang

Sakwisi iku, Malin ngajak bojone lan anak buahe balik ning kapal kanthi nerusno perjalanan. Ningali Malin sing tego marang wong tuwo kandunge, Mande Rubaya nemen loro atine. Kali roso sedhih lan nesu, Mande Rubayah ndungo.

[su_note]”Duh gusti, yen bocah iku duduk anakku, tak sepuro kabeh tumindake sing ala. Nanging yen bocah iku pancen anakku Malin Kundang, anak iku wis durhaka marang wong tuwo kandunge lan tak kutuk Malin Kundang dadi watu” (Dungone si mbok nganti pilu atine).[/su_note]

Ora suweh sakwise mbokne dunga, langit mau sing padang moro petheng. Udane deres karo kilat, ing tengah segoro ana badai moro nang prahune Malin Kundang. Akhire prahune ajur lan di gowo ombak menyak pesisir pantai Air Manis.

Awake Malin Kundang kegowo sampek ana ing ngarepe mboke. Ngadep mboke kanthi wong kang sujud lan jaluk sepuro maring mboke.

Malin jaluk sepura menyang mboke, nanging kuthukane wing kaucap ora iso di hapus. Ora suwe, awake Malin Kundang lan tugelane prahu kang wis ajur berubah dadi watu.

Unsur Intrinsik Cerita Malin Kundang Bahasa Jawa

Unsur intrinsik adalah unsur yang membangun dalam sebuah cerita. Unsur ini cukup penting dalam sebuah karya sastra, sehingga tidak boleh di lewatkan.

Unsur intrinsik dalam cerita Malin Kundang bahasa Jawa ini meliputi:

  • Tema : Tentang seorang anak yang durhaka kepada orang tuanya dan melupakan orang tuanya setelah menjadi kaya raya.
  • Tokoh : Malin Kundang, Ibunya yaitu Mande Rubayah, Istri Malin, Anak buah Malin, Nahkoda kapal.
  • Perwatakan : Malin Kundang (Antagonis), Mande Rubayah (Protagonis).
  • Latar Tempat : Di Pantai Air Manis
  • Latar Waktu : Pagi, siang, malam
  • Alur : Maju karena menceritakan kisah keluarga Malin dari kecil hingga Malin dewasa dan berkeluarga.
  • Sudut Pandang : Orang ketiga karena menggunakan kata ganti dia.
  • Amanat :

a) Pesan moral dari cerita Malin Kundang adalah dalam kondisi apapun muliakanlah ibumu, karena dia yang telah melahirkan, membesarkan dan merawat dengan kasih sayang.

b) Durhaka kepada orang tua hanya akan membawa malapetaka, karena murka orang tua adalah murka yang maha Esa.

c) Merlakukan orang tuamu sebaik mungkin, karena setiap kata yang keluar adalah doa untuk kita anaknya.

Kesimpulan

Akhir cerita dari Malin Kundang yaitu ketika kutukan ibunya menjadi kenyataan, tubuh Malin berubah menjadi batu. Setelah kapalnya Malin terkena badai dan menghancurkannya, tubuh Malin berada tepat di depan ibunya dengan posisi membungkuk seperti orang yang minta maaf sambil bersujud.

Kisah Malin Kundang meninggalkan kesan yang cukup dalam. Banyak pelajaran berharga yang dapat kita ambil agar dapat bersikap lebih baik lagi terutama kepada ibu.

Demikianlah kisah ini semoga dapat menginspirasi.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *